Kamis, 06 Januari 2011

Pranatacara

PRANATACARA 1 (TRAH KELUARGA)

Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Ingkang kinurmatan Bapak Ketua Trah, ingkang kula kurmati Bapak lan Ibu saha sedaya para rawuh. Keparenga nyingget pangandikan sawetawis. Nyuwun sewu dhumateng ngersanipun Bapak Ibu saha para rawuh ingkang sampun kersa ngrawuhi wonten ing pasemoan trah ing dinten menika. Mangga sesarengan kula dherekaken puji syukur wonten ngarsa dalem Allah SWT ingkang sampun paring kanikmatan saha kasarasan saengga saged makempal ing adicara menika.
Saderengipun acara kita bikak, langkung rumiyin badhe kula waosaken rantaman adicara.
1.       Pambuka
2.       Tanggap sabda saking Ketua Trah
3.       Tanggap sabda saking Sesepuh Trah
4.       Arisan
5.       Manasuka
6.       Panutup
      Mekaten adicara ingkang badhe kita lampahi.
Wiwiti acara ing dinten menika kanthi maos Basmallah ingkang ngrasuk agami Islam, ingkang ngrasuk agami sanesipun kula sumanggaaken.
…………………
Matur nuwun.
Kalajengaken acara kaping kalih inggih menika tanggap sabda saking Ketua Trah. Wekdal saha papan kula sumanggaaken.
…………………
Matur nuwun dhumateng Ketua Panitia.
Menggah acara kaping tiga inggih menika tanggap sabda saking Sesepuh Trah. Wekdal saha papan kula sumanggaaken.
…………………
Matur nuwun dhumateng Sesepuh Panitia.
Acara kaping sekawan inggih menika arisan kalajengaken manasuka.
Sampun purna sedaya acara. Saderengipun acara kita pungkasi, saking kula pribadi, mbok bilih kathah kalepatan anggen kula matur kula nyuwun agunging pangapunten.
Mangga acara kita pungkasi kanthi waosan Hamdallah ingkang ngrasuk agami Islam, ingkang ngrasuk agami sanesipun kula sumanggaaken.
…………………
Cekap semanten.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

PRANATACARA  2 (PERPISAHAN)

Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Ingkang kinurmatan Bapak Kepala Sekolah, ingkang kula kurmati Bapak lan Ibu guru saha Staf Tata Usaha, ingkang kula kurmati Bapak lan Ibu wali murid kelas IX lan kanca-kanca ingkang kula tresnani.
Mangga kita aturaken puji syukur dhumateng Allah SWT ingkang sampunh paring mapinten-pinten kanikmatan saengga wonten ing wekdal menika saged makempal ing ngriki.
Saderengipun acara kita bikak, langkung rumiyin badhe kula waosaken rantaman adicara.
1.       Pambuka
2.       Tangap sabda saking Ketua Panitia
3.       Tanggap sabda saking Kepala Sekolah
4.       Pengumuman Kelulusan
5.       Penyerahan Siswa
6.       Manasuka
7.       Panutup
Mekaten rantaman adicara ing dinten menika.
Wiwiti acara ing dinten menika, mangga sesarengan adicara ingkang sepisan kita bikak kanthi waosan Basmallah.
…………………
Matur nuwun.
Kalajengaken acara kaping kalih inggih menika tanggap sabda saking Ketua Panitia. Wekdal saha papan kula sumanggaaken.
…………………
Matur nuwun dhumateng Ketua Panitia.
Adicara kaping tiga inggih menika tanggap sabda saking Bapak Suryono S. pd minangka Kepala Sekolah. Wekdal saha papan kula sumanggaaken.
…………………
Matur nuwun dhumateng Bapak Suryono S. pd.
Salajengipun inggih menika pengumuman kelulusan, dhumateng Bapak Suwarno S. pd. Wekdal saha papan kula sumanggaaken.
…………………
Mekaten atur saking Bapak Suwarno.
Jumangkah acara kaping gangsal inggih menika penyerahan siswa, dhumateng Bapak Suryono S. pd. Wekdal saha papan kula sumanggaaken.
…………………
Mekaten atur saking Bapak Suryono.
Acara kaping enem inggih menika manasuka.
Sampun purna sedaya acara. Saderengipun acara kita pungkasi, saking kula pribadi, mbok bilih kathah kalepatan anggen kula matur kula nyuwun agunging pangapunten.
Mangga acara kita pungkasi kanthi waosan Hamdallah.
…………………
Cekap semanten.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

PRANATACARA 3 (ISRAJ MI’RAJ)

Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Dhumateng Bapak Kyai H. Firmansyah ingkang kinurmatan. Bapak Suryono minangka Kepala Sekolah SMP N 1 Wates, saha Bapak lan Ibu guru ingkang kinurmatan. Bapak Ibu wali murid ingkang kula kurmati, kalian kanca-kanca ingkang kula tresnani.
Mangga kita sareng-sareng ngaturaken puji syukur wonten ngarsanipun dalem Allah SWT ingkang Maha Kuwaos ingkang sampun paring rahmat saha kasarasan saengga kita saged makempal wonten ing adicara dinten menika.
Saderengipun acara kita wiwiti, badhe kula waosaken rantaman adicara ing dinten menika.
1.       Pambuka.
2.       Waosan Kitab suci Al-Qur’an saking Fahmi Ardiansyah
3.       Tanggap sabda saking Ketua Panitia
4.       Tanggap sabda saking Kepala Sekolah
5.       Ceramah saking Bapak Kyai H.Firmansyah
6.       Manasuka
7.       Panutup
Mekaten rantaman adicara ing dinten menika.
Acara sepisan inggih menika pambuka, mangga kita awiti acara ing dinten menika kanthi waosan Basmallah.
…………………
Matur nuwun.
Menggah acara angka kalih inggih menika waosan kitab suci Al-Qur’an saking Fahmi Ardiansyah. Wekdal saha papan kula sumanggaaken.
…………………
Matur nuwun dhumateng Fahmi Ardiansyah.
Kalajengaken acara angka tiga inggih menika tanggap sabda saking Ketua Panitia. Wekdal saha papan kula sumanggaaken.
…………………
Matur nuwun dhumateng Ketua Panitia.
Lumampah ing acara angka sekawan inggih menika tanggap sabda saking Bapak Suryono S. pd minangka Kepala Sekolah. Wekdal saha papan kula sumanggaaken.
…………………
Matur nuwun dhumateng Bapak Suryono S. pd.
Salajengipun acara angka gangsal inggih menika ceramah saking Bapak Kyai H.Firmansyah. Wekdal saha papan kula sumanggaaken.
…………………
Matur nuwun dhumateng Bapak Kyai H. Firmansyah ingkang sampun kersa paring ceramah. Mugi-mugi kemawon saged mumpangati dhateng kita sedaya.
Menggah acara angka enem inggih menika manasuka.
Mekaten adicara ing dinten menika. Saderengipun kita pungkasi adicara ing dinten menika, saking kula pribadi nyuwun agunging pangapunten mbok bilih anggenipun kula matur kathah kekirangan lan mboten mranani ing manah panjenengan sedaya.
Mangga kita pungkasi adicara ing dinten menika kanthi waosan Hamdallah.
…………………
Cekap semanten.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

PRANATACARA 4 (NUZULUL QUR’AN)

Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Ingkang kinurmatan Bapak Kyai H. Imam Samsul, Bapak Kepala Desa ingkang kula kurmati, saha Bapak lan Ibu sedaya para rawuh.
Mangga kita sareng-sareng ngaturaken puji syukur wonten ngarsanipun dalem Allah SWT ingkang Maha Kuwaos ingkang sampun paring rahmat saha kasarasan saengga kita saged makempal wonten ing adicara dinten menika.
Saderengipun acara kita bikak, langkung rumiyin badhe kula waosaken rantaman adicara.
1.       Pambuka
2.       Waosan Kitab suci Al-Qur’an saking Fajar Abimanyu
3.       Tanggap sabda saking Ketua Panitia
4.       Tanggap sabda saking Kepala Desa
5.       Ceramah saking Bapak Kyai H. Imam Samsul
6.       Manasuka
7.       Panutup
Mekaten rantaman adicara ing dinten menika.
Wiwiti acara ing dinten menika, mangga sesarengan adicara ingkang sepisan kita bikak kanthi waosan Basmallah.
…………………
Matur nuwun.
Kalajengaken acara kaping kalih inggih menika waosan kitab suci Al-Qur’an saking Fajar Abimanyu. Wekdal saha papan kula sumanggaaken.
…………………
Matur nuwun dhumateng Fajar Abimanyu.
Kalajengaken acara angka tiga inggih menika tanggap sabda saking Ketua Panitia. Wekdal saha papan kula sumanggaaken.
…………………
Matur nuwun dhumateng Ketua Panitia.
Salajengipun acara angka sekawan inggih menika tanggap sabda saking Kepala Desa. Wekdal saha papan kula sumanggaaken.
…………………
Matur nuwun dhumateng Kepala Desa.
Salajengipun acara angka gangsal inggih menika ceramah saking Bapak Kyai H. Imam Samsul. Wekdal saha papan kula sumanggaaken.
…………………
Matur nuwun dhumateng Bapak Kyai H. Imam Samsul ingkang sampun kersa paring ceramah. Mugi-mugi kemawon saged mumpangati dhateng kita sedaya.
Jumangkah acara angka enem inggih menika manasuka.
Sampun purna sedaya acara. Saderengipun acara kita pungkasi, saking kula pribadi, mbok bilih kathah kalepatan anggen kula matur kula nyuwun agunging pangapunten.
Mangga acara kita pungkasi kanthi waosan Hamdallah.
…………………
Cekap semanten.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

PRANATACARA 5 (SYAWALAN ING SEKOLAH)

Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Ingkang kinurmatan Bapak Kepala Sekolah, ingkang kula kurmati Bapak lan Ibu guru saha Staf Tata Usaha, kalian kanca-kanca ingkang kula tresnani.
Mangga kita aturaken puji syukur dhumateng Allah SWT ingkang sampunh paring mapinten-pinten kanikmatan saengga wonten ing wekdal menika saged makempal ing ngriki.
Saderengipun acara kita bikak, langkung rumiyin badhe kula waosaken rantaman adicara.
1.       Pambuka
2.       Tanggap sabda saking Ketua Panitia
3.       Tanggap sabda saking Kepala Sekolah
4.       Ikrar
5.       Halal Bihalal
6.       Panutup
Mekaten rantaman adicara ing dinten menika.
Wiwiti acara ing dinten menika, mangga sesarengan adicara ingkang sepisan kita bikak kanthi waosan Basmallah.
…………………
Matur nuwun.
Kalajengaken acara kaping kalih inggih menika tanggap sabda saking Ketua Panitia. Wekdal saha papan kula sumanggaaken.
…………………
Matur nuwun dhumateng Ketua Panitia.
Adicara kaping tiga inggih menika tanggap sabda saking Bapak Suryono S. pd minangka Kepala Sekolah. Wekdal saha papan kula sumanggaaken.
…………………
Matur nuwun dhumateng Bapak Suryono S. pd.
Acara angka sekawan inggih menika Ikrar saking para murid dhumateng Bapak Kepala Sekolah saha Bapak Ibu guru saha Staf Tata Usaha, kapimpin dening saderek Dina Tyas Safitri.
…………………
Menggah acara angka gangsal inggih menika halal bihalal.
Mekaten adicara ing dinten menika. Saderengipun kita pungkasi adicara ing dinten menika, kula minangka pranatacara keparenga nyuwun agunging pangaksami mbok bilih kula matur sarta sanesipun ingkang wonten gegayutanipun kaliyan acara kathah kekirangan lan mboten mranani ing manah panjenengan sedaya.
Minangka panutuping acara, sumangga kita pungkasi acara ing dinten menika kanthi waosan Hamdallah.
…………………
Cekap semanten.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

1 komentar: